NEKAD
Dening Angga Oktyashari
Aku urip neng keluarga sing tentrem. Ing dina liya aku entuk kabar nek ibuku wis ora ana neng donya iki, ibuku dimakamke engko jam loro awan.
“Uwis
nduk, rasah nangis meneh, ora ana gunane kowe nangisi uwong sing wis ora ana neng
donya iki, luwih apik awak dhewe dongani ibu neng alam kono, ben diterima neng
sisi Gusti ALLAH swt.”
“Inggih
mbak, kula mboten nangis maleh kok mbak, aku wis ikhlas kang ditinggal ibu neng
kene dhewe karo mbakku sing paling ayu dhewe. Hehe ”
“Sah
alay ngono to nduk, aku ki ora ayu. Yo wis yo nduk melu aku maca surat al-qur’an
kanggo ibu.”
“Hehe..
inggih mbak.”
Mbanjur
wektu uwis nunjukke pukul loro awan, ibuku dimakamke ora adoh saka ngomahku. Neng
kana pas rampung dimakamke, aku weruh cah lanang sing bagus lan sing dhuwur dhewe,
aku pengen kenalan karo dheweke nanging aku isin arep nyeraki dheweke. Emm..
kayane aku seneng karo dheweke deh. Semoga ing lain wektu aku isa kepethuk
dheweke meneh.
Ing
dina liya aku karo mbakku lagi ngobrol asyik kanthi akhire dadi kerengan,
padahal kuwi ming masalah sepele dadi gedhe.
“Mbak
aku pengen duwe hp meneh.”
“Emang
pengen duwe hp apa nduk, terus hp mu sing kuwi arep tak nggo ngapa nduk.”
“Yo
kan aku pengen duwe hp loro mbak, hehe.., kuwi lo mbak hp sing paling apik
dhewe.”
“Walah..
nduk.. nduk.. duwe hp akeh ki ben ngapa to nduk, hp siji we wis cukup kok, la hp
apa kok nduk, akukan yo ora reti to hp sing paling apik dhewe ki.”
“Hayo
ben to mbak aku duwe hp loro, kuwi lo mbak hp sing mereke apple.”
“O…
hp kui to nduk.”
“Ho
o mbak, tukokke yo mbak, hehe..”
“Emang
regane piro nduk?”
“Sekitar
pitung yutonan mbak.”
“La
kok larang banget nduk, terus kuwi duwit kabeh po nduk, kok akeh banget ki?”
“Hayo
to mbak, mosok godhong kabeh mbak, nek
mbake ora nglucon to.”
“Aku
ra nglucon nduk, yakin kuwi nduk regane semono kuwi.”
“Yakin
mbak, nek ora percaya ki tak bukakke rega-regane hp apple.”
“Walah
nduk, kuwi kurang larang regane nduk.. nduk..”
“Hehe..
la aku pengen banget e mbak, tukokke yo mbak, plis.”
“Yo..
tapi nganggo duwit tabunganmu to nduk, masalahe aku rong diwenehi gaji karo
dhuwuranku nduk.”
“Yo
ora to mbak, tabungankukan nggo bayar sekolah barang mbak, dadine nganggo
duwite mbakku sing paling ayu dhewe, hehe..”
“Yo
sesuk yo nduk nek aku wis duwe duwit.”
“Yo
ora yo sesuk kok mbak, aku ki pengen hp apple kuwi saiki mbak, ben aku koyo
kanca-kancaku sekolah sing do duwe hp apple mbak!”
“Aku
ki rong bayaran nduk, mbok sabar ngapa nduk, sesuk yo tak tukokke kok nek aku
wis duwe duwit, terus rasah melu-melu kancamu ngapa nduk, gengsi pa nduk.”
“Emoh
sesuk mbak, ning saiki mbak, yo ben mbak aku melu-melu kanca-kancaku, wek.” “O
iya mbak, aku seneng karo cah lanang sing bagus lan dhuwur dhewe lho mbak.”
“Sapa
kuwi nduk?”
“Kuwi
lo mbak cah lanang sing ana neng makame ibu wingi, aku pengen ketemu meneh karo
dheweke mbak.”
“La apa kowe kenal karo dheweke nduk?”
“Yo ora sih mbak, hehe.. neng piye yo mbak
carane aku isa ketemu dheweke meneh?”
“Yo nek pancen kowe seneng karo
dheweke, mending kowe goleki wae nduk.”
“O iya nduk, aku metu kerja sikek yo
nduk, jaga ngomah lo nduk, nek arep metu, lawange dikunci.”
“Iya mbak, yo wis mbak, ati-ati neng
dhalan yo mbak.”
“Yo wis, assalamu’alaikum”
“Wa’alaikum salam mbak”
Sak uwise mbakku lunga, aku langsung
mikirke piye carane ben aku isa ketemu cah lanang sing tak senengi kuwi. Yen
wingi pas aku ketemu cah lanang kuwi neng pemakamane ibuku, berarti ana
kemungkinan aku bisa ketemu karo cah lanang kuwi neng pemakaman, yen ngono…..
berarti…..
Ing dina liya para warga padha kaget,
amarga ana berita neng keluargaku.
“Nduk… nduk… rene dilit.”
“Wonten napa pak, kok bingung lan panik
ngono pak?”
“Kowe ngerti ora nduk?”
“Ngertos menapa nggih pak?”
“Mbakyumu uwis ora ana.”
“Inggih po pak, kok saged, padahal
wingi saras-saras mawon lo pak.”
Sak uwise krungu wara-wara seka Pak
Joko, aku langsung bali neng ngomahku. Sak durunge tekan ngomah, aku weruh neng
ngarep omahku uwis akeh uwong sing do layat. Mbakku dimakamke jam loro awan. Wektu
uwis nunjukke pukul loro awan, mbakku dimakamke neng cerak makame ibuku. Saiki aku
uwis ora duwe sapa-sapa meneh, aku ming sebatang karang neng kene. nanging neng
pemakamane, aku weruh cah lanang sing bagus lan sing dhuwur dhewe kuwi.
–RAMPUNG–
Tidak ada komentar:
Posting Komentar